Basa Arab Sisilia

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Arab Sisilia
Dituturaké ing Emirat Sisili
Gunggung panutur
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Arabic alphabet
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3 sqr

Basa Arab Sisilia (atawa Sisilia Arab) ya iku dialék basa Arab kang dituturnang ning pulo Sisilia lan tanggaé Malta antawis akir abad 9 nganti 12 Maséhi[1]. Basa iki wis cures ning Sisilia, nanging ning pulo Malta basaé dadi ngembang lan sekien karan Basa Malta[2]. Pulo Sisilia wis warna-warna karajan sing mréntah nanging pengaruh Islam lan Norman kang paling akèh ngupai pengaruh[1]. Wong Roman lan Imigran Islam sing Afrika Lor kaya déné Andalusia uga Italia keding teka ning pulo iki nalika jamané Fatimiyah[3][4]. Ning jaman semono wong Arab Muslim ngembangaken peradaban kaya déné agama Islam, pertanian, sekolah, lan pulitik[1]. Nanging akhiré, peradaban Islam Sisilia iki kegeser karo invasi Norman kanggo nyebarnang agama Kristen ning pulo iki. Amarga iku Basa Arab ning pulo Sisilia dumasar sing basa Arab Maghribi atawa Afrika Lor. Arab Sisilia wis ana tinggalané, kaya déné aran papan lan kosa-tembung[1].

  1. a b c d LANZAFAME, Iolanda Laura (2011). "RELEVANT INFLUENCES OF SICULO-ARABIC DIALECT ON THE SICILIAN LANGUAGE AND CULTURE" (PDF). Review of Historical Geography and Toponomastics. VI: 70–79.
  2. Comrie, Bernard; Fabri, Ray (2007). Introducing Maltese Linguistics. Bremen, Jerman: John Benjamins Publishing Company. kc. 3–6. ISBN 978-90-272-0580-3.
  3. Agius, Dionisius A. (2010). Siculo Arabic. USA lan Kanada: Routledge. kc. 38. ISBN 0-7103-0497-8.
  4. Agius, Dionisius A. (2007). "Who Spoke Siculo Arabic?" (PDF). XII Incontro Italiano di Linguistica Camito-Semitica (Afroasiatica): 25–27.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search